Minggu, 22 Februari 2009

Wangsalan

Wangsalan

Definisi wangsalan

Wangsalan adalah tembung utawa “frasa” kang kudu dibatang tegesé kanggo nemtokaké tembung ing pérangan ukara utawa ing ukara sabanjuré kang madhaswara karo batangané. (Kalimat yang mengandung kata atau frasa yang harus ditebak artinya untuk menentukan kata di bagian lain kalimat atau dalam kalimat selanjutnya yang mempunyai kemiripan bunyi dengan arti kata tersebut). http://www.geocities.com/sesotya_pita/basa/wangsalan.htm

mengganti kata tertentu dengan kata-kata yang mempunyai arti yang mirip atau sama dengan kata yang digantikannya) fungsinya untuk memperhalus kata http://hanacaraka.fateback.com/wangsalan.htm
Macam –macam wangsalan

  1. Wangsalan Padinan

wangsalan ini biasa digunakan dalam kegiatan sehari-hari namun tidak dalam kondisi

yang benar-benar formal. Sebagi contohnya:

· isih enom kok njangan gori (jangan gori= gudheg) atau nangka muda.

· Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)

· We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)

· Ya, aku gelem, nanging balung jagung lho! (balung jagung=janggel)

· Wah, sajake lagi nglapa mudha. (klapa mudha = degan)

· Kowe iku, kok mung mutra bebek. (putra bebek = meri)

· Jenang gula, Mas, welingku wingi! (jenang gula = glali)

· Dheweke lagi madder bungkuk. (wader bungkuk = urang)

· Anggone nyambut gawe mung nguler kambang. (uler kambang = lintah)

· Wong mung guyon wae kok njur mentil kacal. (pentil kacang = besengut)

· Wah, nyega mambu. Aja ngono, Yu! (sega mambu = amer)

· Jenang sela, Mas. Kula boten mampir. (jenang sela = apu)

· Lha rak mbalung ula, apa-apa dipangan! (balung ula = gragasan)

  1. Wangsalan Kang Rinacik Ukara

Wangsalan yang dibuat dalam sebuah kalimat yang mengandung 1 arti.

    • Cecak toya, aja mingkar ing ubaya. (baya)
    • Kapi kresna, wong petung nora prayoga. (lutung)
    • Yuyu agung, pinething dadya tumenggung. (kepithing)
    • Sarung jagung, abot entheng wani tanggung. (klobot)
    • Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)
    • Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada)
  1. Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane.
    contohnya:
    • Marga tirta, tirta mijil ing sarira. (urung-urung; kringet)
      Jinurungna, kriya kridhaning wardaya.
    • Ngreka wreksa, wreksa langking sisa agni. (ngukir; areng)
      Lenging piker, binareng krenteging ati.
    • Sendhang arga, arga geni lor Ngayoja. (tlaga; Merapi)
      Mangga-mangga, api-api tan uninga.

4. Wangsalan sinawung ing tembang

Sinom
Jamang wakul Kamandaka,
kawengku ing jinem wangi,
kayu malang munggeng wangan,
sun wota sabudineki,
roning kacang wak mami,
yen tan panggih sira nglayung,
toya mijil sing wiyat,
roning pisang leash ing wit,
edanira tan waras dening usada.
(Babad Pasir: IV.4)

Kinanthi
Sastra pangandheging kidung,
sudarma Basudewaji,
ngestu pada mring kusuma,
manjanma ping sakethi,
pusara pangiket gangsa,
tumutur tan sedya kari.
(Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11)

(dening Subalidinata)

Perbedaan Wangsalan Dengan Parikan

Perbedaan yang mendasar antara wangsalan dan parikan, terletak pada maksud.

Jika wangsalan mengandung maksud, parikan tidak mengandung maksud.

Contoh:

· Tjengkir wungu, wungune ketiban ndaru. Wis pestimu, kowe pisah karo aku. (parikan)

· Tjengkir Wungu, wungune ketiban ndaru, wis pestimu, kowe uwal karo aku. (wangsalan) tjengkir wungu artinya siwalan.

Cara membuat wangsalan

Cara membuat wangsalan cukup unik, pertama kita tentukan kata yang isinya maksudnya terlebih dahulu (batangane), terus mengarang kata-kata yang menjadi frasa yang bunyinya hampir sama.

Daftar pustaka

http://www.geocities.com/sesotya_pita/basa/wangsalan.htm

http://hanacaraka.fateback.com/wangsalan.htm
Padmosoekotjo, 1960, Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta:Hien Hoo Sing.

Subalidinata, 1994, Kawruh Kasusastran Jawa, Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.

1 komentar:

  1. Wah sêratanipun sae sangêd. Manawi krêsa, kula aturi dhatêng blog-blog kula. Kula nembe ngupadosakêm basa Jawi kagêm kahanan kalihan tiyang saniki. Manawi ngrêsakakên sagêd ngirimakên layang inthêrnet marang kula kagêm jangkêpanipun. Matur nuwun. 🙂

    https://bausastrainggrisjawi.blogspot.com/?m=1

    Blog-blog sanesipun sagêd kapunpirsani manawi dipundudul profil blog.. Matur nuwun

    BalasHapus